Populer

Pesan Singkat

Kamis, November 29, 2007
Mboten kirang saking 18 griyo risak awrat, lan 17-an langkung risak mboten patos awrat akibat keterak angin lesus dinten Rebo Wage 28 Nopember 2007 wonten ing Dukuh Crabak, Desa Gambiranom Kecamatan Kismantoro Wonogiri.
Kecathet wonten setunggal warga kanthi Asmo Ibu. Sakir 60 Tahun kedah dipun beto dateng griyo sakit gudang kapuk Purwantoro amargi nandang luka-luka wonten bagian suku lan lengan tanganipun dipun perkirakan woten sak perangan balung engkang tugel, akibat ketiban material bangunan griyo engkang dipun panggeni rubuh keterak angin lesus engkang dugi mboten kanyono-nyono sak derengipun nguleng griyo engkang dipun nggeni lan griyo tonggo-tonggonipun sak dukuh Crabak lan kiwo tengenipun Menurut laporan engkang dipun tampi saking Penjenenganipun Bpk. Manto Pegawai staf Kecamatan Kismantoro per telepon, Angin engkang banter sanget dipun susul suwanten gaduh lan jeritan poro korban engkang keleresan wonten sak lebetipun nggriyo antawis tabuh 4 (sekawan) sonten, di susul jawah engkang deres sanget lan wit-witan ugi kathah engkang sami rubuh keterak angin engkang kecepatanipun mboten kirang 92 Km/jam. Sesarengan kaliyan kadadosan puniko dipun susul listrik pejah, miring kabar dipun sebabaken ambruk’ipun cagak SUTET (Saluran Udara Tegangan Tinggi) engkang ngubungaken listrik dateng kabupaten Wonogiri. Dene daftar nami engkang kagungan griyo risak awrat korban bencana alam lesus: Griyo engkang rubuh sedoyo risak: Griyanipun Keluarga Ibu Sakir, Keluarga Bpk. Kateno, Keluarga Mbok Katinem, Keluarga Bpk. Siran, Bpk, Tukiran, Bpk. Kamdi, Bpk. Katmin, Bpk. Paiman, Bpk. Panimun, lan Keluarga Bpk. Sarkam. Sedoyo niku wau griyonipun 100 % risak roto kaliyan siti (rusak Total), keporo kathah bagian tertentu engkang ical kebeto playunipun angina. Griyo engkang rubuh hananging tasih saget dipun dandosi (rusak berat): Griyo engkang dipun panggeni keluarga Bpk. Katiran, Mbok Sariyem, Bpk Paimin, Bpk. Mesiran, Kang Rusdi, Kang Marmin, Bpk. Sidik, Bpk, Marmun, Bpk. Kasimin, lan griyanipun Mbok Demi. Griyo engkang kesempyokangin mboten rubuh naming nggih risak. Griyo panggenanipun Yu Satini, Kang Kasmun, Bpk. Tanto, Bpk. Wagimin, Kang Simin, lan griyanipun Bpk Bagong. Sedoyo korban engkang griyanipun mboten saget dipun nggeni, sementara dipun tampung wonten ing tenda engkang dipun sedia’aken dening PMI Wonogiri, makaryo sesarengan kaliyan Tim Sar, Dinas Sosial Wonogiri, lan Aparat saking Kecamatan Kismantoro saling bahu membahu untuk membantu para korban. Dene bantuan engkang sampun mandap ngantos dumugi wartos puniko dipun serat, saking Dinas Sosial Wonogiri, saking Kecamatan Kismantoro, lan saking poro kadang dermawan) saking kanan kereng engkang welas kaliyan kadadosan bencana alam puniko. Dipun himbau dumateng poro kadang, engkang bade nyaluraken sumbangan kagem poro korban, kagem sementara aksi tanggap darurat sampun saget tercover dening PMI, Tim sar, Dinas Sosial Wonogiori lan para dermawan, langkung sahenipun kito sami-sami ngraosaken penderitaan kadang sederek wonten ing dukuh Crabak Nggambiranom – Kismantoro kagem tahap rehabilitasi, dados sumbangan engkang dipun caosaken dumateng poro korban langkung sahenipun arupi arto kash (tunai). Paguyuban Keluarga Kismantoro (PAKKIS) siap nampi lan menyalurkan dana sumbangan saking poro kadang dermawan engkang prihatos lan welas dumateng kawontenan puniko. Dene sumbangan saget dipun transfer dating rekening BCA Cabang Bendungan Hilir, a/n. Suhardono No. rek. 301-1078034. Lha mangke sasampunipun program puniko rampung, sedoyo arto sumbangan engkang mlebet lan sampuun tersalurkan, bade dipun audit lan dipun laporaken komplit wonten ing web puniko lan web wonogiren sanesipun kagem nggampangaken poro kadang mirsani alur milinipun arto engkang sampun dipun sumbangaken. Mugi-mugi Gusti Alloh paring ketabahan dumateng poro korban, lan Penjenengan engkang mengikhlasaken sak perangan rezeqinipun kagem poro kadang korban angina lesus angsal ganjaran / pinwales engkang lumintu saking Gusti Alloh engkang moho Asih. Amin….

0 komentar:

Posting Komentar